Wulangan 2 Semester Genep Kelas 8
Tembang
Macapat: Pangkur
Tembang Pangkur kalebu tembang macapat. Ana panemu, yen tembung macapat
saka pamacane papat-papat. Karepe, yen nglagokake pamedhote gatra wiwitan tiba
wanda kang angka papat. Adhedhasar lagu gendhing uga dijarwani, macapat
wancahan saka mat lan pat. Karepe, tembang iku yen dilagokake ing gendhing
nganggo wirama(mat) papat-papat, lire saben sak wirama isi patang wanda(suku kata). Tembung pat nuduhake marang
cacahing tandha diakritis(sandhangan) sajroning aksara Jawa sing jumbh
sajroning tembang macapat.
Semaken
Tembang Pangkur ing ngisor iki!
Pangkur
Satru sekti saya ndadra
pangrenahe kalangkung
mbebayani
wus nrabas ing
dhusun-dhusun
yeku inuman keras
narkotika obat teler
sabu-sabu
sabarang tindak
maksiyat
iku kabeh den singkiri.
Tembang Pangkur iku kalebu Tembang Macapat kang
kaiket mawa paugeran-paugeran tartamtu, yaiku:
a. Guru
gatra, yaiku cacahing gatra
(larik) saben sapada (bait).
b. Guru
wilangan, yaiku cacahing wanda(suku kata) saben sagatra.
c. Guru
lagu, yaiku dhong-dhing utawa
tibaning swara ing pungkasaning gatra.
Saka paugeran kasebut mula bisa dideleng menawa
lembang Pangkur nduweni paugeran
kaya ngene:
a. Guru gatrane : 7
b. Guru wilangan : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
C. Guru lagu :
i, u, a, u, a, i
Kawruh Basa
- satru tegese mungsuh.
- sekti tegese duwe
kaluwihan sing ngungkuli kodrat.
- ndadra tegese ndadi,
ngambra-ambra.
- pangrenahe tegese
reka-rekane, pangapusane.
- klangkung tegese
sansaya.
- nrabas tegese nlasak,
nembus
- yeku tegese yaiku.
- sabarang tegese kabeh.
- tindak maksiyat tegese
tumindak ina.
- densingkiri tegese di
adohi, disingkiri.
Gancarane
Tembang Pangkur ing ndhuwur iku:
Mungsuh
kang sekti saya ndadi utawa ngambra-ambra, rekadayane sansaya mbebayani. Wus nlasak
utawa nembus (mlebu) ing dhusun-dhusun, yaiku inuman keras, narkotika, obat
teler (obat kang njalari mabuk), shabu-shabu lan saakehing tumindak maksiyat. Iku
kabeh becike disingkiri.
Dene piwulang kang bisa kajupuk saka tembang Pangkur
ing ndhuwur iku yaiku:
a. Awake dhewe kudu waspada marang bab-bab kang bisa
dadi mungsuh ing panguripan.
b. Aja gampang kena pambujuk kang bisa gawe rusak.
c. Manungsa kudu
nyingkiri tumindak maksiyat.
Pangkur
Mingkar-mingkuring
angkara
Akarana
karenan mardi siwi
Sinawung
resmining kidung
Sinuba
sinukarta
Mrih
ketarta pakartining ngemu luhung
Kang
tumrap neng tanah Jawa
Agama
ageming aji
Jinejer
neng Wedhatama
Mrih
tan kemba kembenganing pambudi
Mangka
nadyan tuwa pikun
Yen
tan mikani rasa
Yekti
sepi asepa lir sepah samun
Samangsane
pasamuwan
Gonyak
ganyuk nglelingsemi
Nggugu
kersane priyanggga
Nora
nganggo peparah lamun angling
Lumuh
ingaran balilu
Uger
guru aleman
Nanging
janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun
ing samudana
Sesadon
ingadu manis
(KGPAA Mangkunegara IV; Wedhatama)
Tegese Tembung:
1. Mingkar-mingkur : ngedohi
2. Angkara : watak
kang ora becik, sipat sarak, angkara murka
3. Akarana : amarga
4. Karenan : seneng,
kepengin
5. Mardi : mulang
6. Siwi : anak,
suta, atmaja
7. Sinawung : diwujudake
8. Kidung : lelagon,
tembang
9. Sinuba : diurmati
banget
10. Sinukarta : diaji-aji, dipepetri
11. Mrih : supaya
12. Ketarta : kasembadan, kelakon
13. Pakarti : tumindak, panggawe, pagawean
14. Luhung : luhur
15. Aji : utama
16. Jinejer : ditulis, dicritakake
17. Wedhatama :
araning kitab, buku
18. Kemba : kurang
19. Kembenganing :
kandhutaning, isining, kebaking
20. Pambudi : pakarti,
pengerten
21. Nadyan : senajan
22. Tan : ora
23. Mikani : ngerteni
24. Yekti : mesthi
25. Asepa : sepa
26. Lir : kaya,
kadya
27. Sepah : sepahan
28. Samun : kaya
29. Pasamuwan :
pepanggihan, kumpulan
30. Gonyak-ganyuk :
nyuk-nyukan ora nganggo tata krama
31. Nglelingsemi :
ngisin-isini
32. Karsa : karep
33. Priyangga : pribadi, dhewe
34. Nora : ora
35. Peparah : petung,
kira-kira
36. Lamun : menawa
37. Angling : omong, ngendika
38. Lumuh : lumrah
39. Ingaran : diarani
40. Balilu : bodho
41. Guru aleman :
mung kepengin dialem
42. Janma : manungsa,
wong
43. Waspadeng :
waspada ing
44. Semu : tandha,
lambang, glagat
45. Sinamun : disamun, ora
diketokake
46. Samudana : ethok-ethok, ora
ngetarani
47. Sesadon : ngendikan,
arep-arepan
48. Ingadu : diadhepi
49. Manis : becik
Gancarane
Tembang:
1. Ngedohi sipat sarak
(angkara murka) amarga kepengin mulang anak, piwulange diwujudake ing tembang
kang diurmati lan diajeni, supaya pakartine direrengga kanthi ngelmu kang
luhur kang ana ing tanah Jawa, agama (kapercayan lan pitutur luhur) kang
diagem/dienggo yaiku kang utama.
2. Wus
ditulis ing buku Wedhatama, supaya ora kurang kandhutaning pakarti, senajan wis tuwa lan pikun, yen
ora ngerti ing rasa unggah-ungguh, mesthi sepi kaya sepahan, nalika ana
pepanggihan, nyuk-nyukan ngisin-isini (tumindake ora nganggo tata krama).
3. Nggugu
karepe dhewe, ora nganggo petung menawa micara (ngendika), lumrah diarani bodho mung
seneng golek alem, nanging wong lang wus ngerti glagat (pralambang) bisa
ndhelikake rasane (ora diketokake), menawa arep-arepan (ngendikan) diadhepi
kanthi becik.
Isi lan Piwulang Ing Tembang
Sawijining karya sastra lumrahe ngemu pitutur kang bisa dituladha dening sapa wae. Tembang Macapat uga minangka salah sawijining wujud karya sastra. Mula kang lumrah ing Tembang Macapat iku uga ana piwulang, tuladha tumindak utama, utawa pesene panganggit (penulis) marang sapa wae kang nembangake utawa kang ngrungokake tembang kasebut.
Tembang Pangkur ing ndhuwur iku mesthi uga ngemu isi kang migunani tumrap sing maca, nembangake utawa kang ngrungokake. Dene isine Tembang Pangkur kang kapethik saka Serat Wedhatama ing ndhuwur yaiku:
1. Dadi
manungsa kudu ngedohi sipat sarak (angkara murka) apa maneh menawa seneng mulang putra.
2. Pakarti
iku kudu direrenga kanthi ngelmu kang luhur.
3. Pituture
agama kang utama kudu bisa ditindakake.
4. Manungsa
iku (enom, tuwa) menawa tumindak kudu nganggo unggah-ungguh.
5. Wong
micara kudu nganggo petung ora nggugu karepe dhewe.
6. Aja
seneng golek alem banjur ora ngerti suba sita.
7. Dadi
wong kudu bisa ndhelikake rasa, ngadhepi wong liya tetep kanthi ulat kang becik.
Yen wis rampung anggonmu mahami Wulangan ing dhuwur, banjur garapen pitakonan ngisor iki:
Tidak ada komentar: