GEGURITAN
I. Tegese
Geguritan
Geguritan
yaiku wedharing rasa pangrasa kang diwujudake ing karya sastra kang mardika (bebas), ora
kaiket aturan-aturan tartamtu kaya dene tembang macapat. Geguritan uga diarani
Puisi Jawa Modern. Ing puisi jawa modern iki, panulis bisa nelakake apa kang dideleng, apa kang
dirasakake, pepenginane, lan liya-liyane.
Gatekna tuladha geguritan ing ngisor iki!
Kidung
Saka Gunung
dening Woro Puspa
Adoh saka kutha
adoh saka punjering warta
sandhingku gumuk watu, kayu-kayu waru
kiwa tengenku alas gung umyeg tetuwuhan lan manuk
tuwu
adoh saka ratu
adoh saka toko lan papan blanja kang ngono iku
daksawang kali mawa kemriciking
banyu
dakrasa adheming hawa ing langit
kang isih biru
daksesep madu kembang kabak ing
semu
rumesep ing pandulu
sumringah bungah ing kalbu
aku mung bocah nggunung
kemulku sarung sarapanku jagung
aku ora pinter gawe kidung
ora wasis nulis ngetung
amung bisa tetulung bapa biyung
nderes, apek cengkeh, nglumpukake kleyung
apa aku bisa ngepelake epek-epekku
kanggo nggayuh panjangkaku?
apa kena aku duwe pangarep-arep
kanggo uripku ing tembe ngarep?
apa oleh aku nglumpukake cipta
kareben padha karo kanca-kanca?
apa bisa aku nyembadani
pasrawungan kang butuh rerenggan
edi peni?
watu, gunung, sato kewan lan tetuwuhan
mitra rowangku ing wengi awan
bakal dakjaga salawase jaman
ja keterjang program perumahan
ja ketunjang proyek pelebaran
ja kegusur ngedegake pabrikan
dimen tetep mili weninging warih
supaya lestari wilising winih
(wanci tumiyuping samirana katiga)
Kawruh
Basa
a. punjering wartategese pancering kabar ( pusating
pawarta)
b. gumuk tegese gunung cilik
c. kemriciking banyu tegese suara kemricik
saka ilining banyu
d. kidung tegese tembang
e. wasis tegese pinter
f. nderes tegese amek legening
krambil
g. ngepelake epek-epekku tegese ngepel driji tangan
ing epek-epek
h. pangarep-arep
tegese panjangka
i. cipta tegesse gagasan,
pangangen-angen
j. nyembadani tegese
nyukupi, nuruti
k. rerenggan tegese
pacakan, pajangan
l. edi peni tegese sarwa
becik sarta arang anane
m. sato tegese kewan
n. tetuwuhan tegese thethukulan, wit-witan
o. mitra tegese kanca
p. rowang tegese kanca
q. keterjang tegese ketunjang, ketabrak
r. warih tegese banyu
s. lestari tegese tetep
ana
t. wilis tegese ijo tuwa
II. Purwakanthi
Coba
digatekake pada(bait) kaping 2 kang dumadi
saka limang gatra lan
kapungkasan swara u. Iku mujudake tuladha kang
diarani purwakanthi. Geguritan
kang becik ora kudu migunakake
purwakanthi, nanging migunakake purwakanthi bisa nambahi endahing geguritan. Kalamun diwaca nambahi
resep, kepenak dirungokake lan nandhes ing pangrasa.
Minangka
tambahan sesurupan, purwakanthi saka tembung purwa kang ateges wiwitan lan kanthi ateges
gandheng. Mula saka iku purwakanthi bisa ditegesi runtute swara ing ukara, wanda, utawa tembung
ing ngarep nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
Miturut wujude, purwakanthi ana 3, yaiku:
1. Purwakanthi
guru swara (kang diambali aksara swarane)
Tuladha:
Ajining dhiri
gumantung kedaling lathi. (runtut ing swara i)
Desa
mawa cara negara mawa tata. (runtut ing swara
a)
Inggah-inggih
ora kepanggih,(runtut ing swara i)
Saeka
praya ing sedya. (runtut ing swara a)
Saeka kapti
ing pakarti.(runtut ing swara i)
2. Purwakanthi
guru sastra (kang diambali aksara mati utawa konsonan)
Tuladha:
Sluman slumun slamet.(runtut ing hurup sl lan m)
Waras wiris wareg
(runtut ing hurup w lan r)
Yekti sepi asepa lir sepah samun. (runtut ing hurup s lan p)
Anggereng anggung gumunggung. (runtut ing ngg)
Tindak tanduk tutur kang kalantur.
3. Purwakanthi basa utawa lumaksita (sing diambali
padha tembunge)
Tuladha:
Bayem arda, ardane ngrasuk busana. (runtut ing tembung arda)
Janur gunung, gunung geni lor Ngayoja. (runtut ing tembung gunung)
Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (runtut ing tembung
wastra)
Mangkana ngelmu kang nyata, nyatane weh reseping
ati. (runtut ing tembung nyata)
Urip Iki ora angel, angele sok ginawe dhewe. (runtut ing tembung angel)
III. Mangerteni Isine Geguritan
Saupama
para siswa ditakoni apa karep utawa isine geguritan kasebut? Menawa lagi maca ora sithik kang mangsuli, “Ya
embuh, akeh tetembungan kang ora ngerti tegese."
Kanggo mangerteni
utawa paham isi geguritan pancen ora gampang, amarga geguritan pancen dudu crita kang tetembungane
wantah, nanging tembung-tembunge pilihan, mentes, lan nduweni teges entar(kias). Ana sawetara
pítuduh kang bisa katindakake murih gampang nintingi geguritan, yaiku:
1.
Digatekake irah-irahan utawa judhule. Irah-irahan minangka cendhela kanggo
anguk-anguk kaya
ngapa utawa kepriye isine geguritan. Irah-irahan minangka gambaran apa kang diwedharake ing
geguritan.
2. Nyoba mangerteni tegese tembung mbaka
tembung, kalebu tegese tembung entar, tembung kang tegese ora kaya
kang disebutake, nanging nduweni teges beda.Upama, adus kringet ora ateges adus nganggo
kringet nanging nduweni teges nyambut gawe abot.
3. Supaya bisa mangerteni isine geguritan,
geguritan kasebut bisa didadekake andharan
gancaran prosa/parafrase luwih dhisik.
4. Geguritan mono mentes, ora mlaha utawa thok leh apa
anane, mula kudu digoleki sari pathi kang dikarepake
dening panganggit. Digoleki nuli dionceki.
IV. Maca Geguritan
Latihan dhasar maca geguritan:
1. Latihan maca paling ora kaping telu
utawa papat saben irah-irahan/judhul. Maca ing papan kang "terbuka" lan bebas.
2. Latihan pernapasan,
bisa nggunakake suwara dhadha lan weteng. Suwara dhadha biasane sora (kanggo nesu,
njerit, Isp). Dene suwara weteng biasane kanggo bab-bab kang gawe geter, jero, sedhih,
Isp).
3.
Latihan ngucapke vocal aksara
swara, latihan ngucapke vokal
sawanda (dhorrrr, dherrrr, tharrr, hee, hemmm, eh, Isp), rong wanda (geger,
teter, mbeler,
teler, beser, emper, Isp), telung wanda (laramu, atimu, tapamu kancamu,
godhaning, lsp), patang wanda (sesanggeman,
gembiraning. tumlawunging. Isp).
4.
Latihan pasemon utawa obahing praenan.
Upamane mripat merem, mentheleng, panyawang
kang landhep utawa malah kosong, digabung karo obahing lambe, pilingan, Isp.
5. Obahing tangan ora perlu sraweyan. Ora
kabeh tembung digambarake mawa obahing tangan, samadya wae.
6.
Latihan akting: mlaku ing ngarepe kanca-kancane, lungguh ijen, pandeng-pandengan karo kanca, ngguyu,
sedhih, Isp.
Cathetan nalika maca geguritan:
1 Maca irah-irahan
lan jenenge penganggit. Kena diwalik, endi kang dhisik. Iki wajib, kudu.
2.
Kena lungguh banjur ngadeg utawa suwalike. Menawa mlaku kudu dislarasake klawan diwaca. irama kapan mandheg
kudu ing swasana akting
3. Ngungkurake
penonton aja kesuwen, sedhela
kena, aja suwe-suwe.
4. Ing wiwitan lan
pungkasan maca ora kudu hormat, sanadyan ing lomba. Ora kudu salam, apa maneh ngenalake dhiri
pribadine.
5. Menawa
ana tembung kang kliwatan ora perlu dibaleni, ora kaya siaran berita ing tv.
Paugeran anggone maca geguritan:
Amrih geguritan kang diwaca bisa gampang dipahami lan uga supaya katon
nengsemake, mula kudu nggatekake bab-bab ngisor iki:
1. Wicara, kedaling
suwara utawa
pocapan cetha utawa kurang cetha, apa maneh ora cetha, bijine mesthi beda.
2. Wirama, irama utawa lagu
anggone maca, mung lugu wae utawa ana enggak-enggoke kang slaras klawan tetembungane.
Ana kang seru, lirih, semangat, nesu, utawa malah ngalentrih sajak nelangsa.
3. Wirasa utawa
penghayatan. Rasa iku ana ing batin, nanging menawa maca geguritan kaejawantahake
sajroning maca, ora mung dibatin wae. Upamane, maca geguritan kang isine bab kang
njalari sedhih mesthine anggone maca ora karo ngguya-ngguyu. Suwara digawe kaya-kaya ati
nelangsa lan rinujit-rujit, bisa-bisa kang ngrungokake melu kegawa lan tanpa karasa ngetokake waspa
(luh)
4. Wiraga, obahing awak,
tangan, sikil, lan praenan. Ora perlu kakehan, kang samadya wae nanging resep
dinulu.
V. Nulis Geguritan
Geguritan
iku puisi jawa modern utawa puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket mawa paugeran-paugeran
tartamtu kaya tembang macapat. Ewa
semono tetep kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki:
a. Kawiwitan saka nemtokake underaning gagasan (tema)
kang bakal ditulis.
b. Pamilihe tembung trep
karo isine geguritan.
c. Migunakake tembung kang
mentes.
d. Isine becik, mengku patuladhan utama.
e. Bisa nggunakake basa rinengga (basa kang
endah / digawe endah), nggunakake seselan
lan purwakanthi.
f. Menawa geguritan
diwaca, kudu nggatekake wirama.
Tidak ada komentar: