JURNALISTIK
Jurnalistik
tegese kewartawanan utawa tulismenulis. Jurnalistik (journalistic) saka tembung lingga "journal' tegese laporan utawa cathetan. Ing bahasa Perancis "jour" tegese dina (day), mula bukane saka basa Yunani kuna
"du jour” kang tegese dina,
karepe kedadean iki kang diwartakake ana lembaran-lembaran tulisan banjur dicetak.
Jurnalistik
bisa dingerteni saka prosese, teknik/cara lan ilmune. Saka prosese jurnalistik mujudake
kegiatan golek, ngolah nulis lan nyebarake informasi kanggo masyarakat umum. Liwat
media masa/kalawarti kegiatan iki dilakoni dening wartawan. Saka
teknik/cara jurnalistik mujudake keahlian (ekspertise),
ketrampilan (skill) nulis pawarta (berita),
artikel. Kalebu ahli ngumpulake bahan kanggo martakake sawijining
kedadean (reportase) lan wawancara.
Jurnalistik minangka ilmu
kalebu ilmu terapan kang dinamis ngetutake majune teknologi informasi lan komunikasi kang ngolah
gagasan, pikiran lan informasi kanggo wong liya kanthi ancas menehi ngerti,
menehi katrangan lan kanggo menehi pangaribawa (pengaruh).
Kanggo
para siswa kegiyatan nulis bisa nggladhi landheping pikir. Cak-cakane pikir bisa digladhi
supaya luwih tliti urut lan runtut. Kejaba iku bisa kanggo nglatih siswa supaya luwih
trampil, kendel lan kritis marang kahanan apa wae. Tembe mburine yen digladhi
kanthi tenanan bakal bisa dadi penulis kang mumpuni.
(Jarwan kanthi besutan
saka official jurmalis group
indonesia/Media Belajar Bersama tanggung
jawab menjadi pernulis atau pengarang)
Karya jurnalistik bisa kapacak ing media elektronik lan uga cetak. Mligi kang media cetak
kaperang dadi ariwarti (koran) lan
kalawarti (majalah, tabloid).
Carane
Maca Teks Pawarta Kanthi Becik lan Bener
Wong
kang maca pawarta(berita) ing radio utawa TV diarani penyiar, dene kang
golek pawarta
diarani wartawan. Maca pawarta bisa dadi sawijining pengalaman kang nyenengake tumrap sing
maca lan sing ngrungokake. Bab iku bisa kaleksanan menawa anggone maca ditindakake
kanthi becik.
Sajrone
mahyakake pawarta, wirama bisa nuwuhake teges sing maneka warna. Sero lan lirihe swara
utawa obah owahing wirama, lan cepet rindhike anggone maca bisa
digunakake kanggo nandhesake isi lakune waktu, owah gingsiring kahanan, lan ngangen-angen karepe
pawarta.
Nalika
maca pawarta kudune ditengenake pelafalan sing trep. Solah bawa winates sajroning obahe tangan,
lengen utawa sirah. Kabeh polah tingkah kasebut luwih akeh asipat menehi isyarat (sugestif) lan aja ngluwihi
wates. Kanggo nuwuhake swasana kang
dibutuhake sajroning maca, bisa luwih
rinasa menawa disengkuyung dening praen.
Pasemon
(mimik) lan wetune swara sing pas
luwih bisa kanggo ningkatake swasana.
Esem utawa kerute bathuk uga bisa mbiyantu pamirsa mahami karepe teks. Supaya bisa maca pawarta sing
becik perlu latihan ing babagan:
1. Wicara/vokal
yaiku swara, pocapan kang cetha.
2. Wirama,
intonasi volume utawa bantering swara nyukupi, kudu nggatekake koma lan titik. Sabisa-bisa nyingkiri
dialek.
3. Wiraga
utawa patrap obahing awak, busana kang laras.
4. Wirasa
kudu bisa ngerteni isine tulisan kang diwaca.
Perlu
uga digatekake slarasing pamahaman ing
antarane sing maca karo pamiarsa (penonton), luwih-luwih menawa maca
pawarta lumantar media televisi utawa kontak langsung karo pamiarsa.
Dadi, maca pawarta iku mahyakake informasi utawa pawarta lumantar maca teks
pawarta kanthi lafal, intonasi, lan patrap kanthi bener.
Warna gaya (style)
basa kanggo pers yaiku:
1. Style
basa head line: singkat narik
kawigaten.
2. Style
basa lead: prasaja, ringkes.
3. Basa kanggo pawarta:
ringkes, jelas, basane prasaja, familiar,
positif.
4. Tajuk
rencana/editorial: nggunakake tembung kita, ngajar miIkir, mangaribawani, logis
analitis.
5. Pojok: humoristis, basa bisa dicampur basa jawa lan manca.
6. Basa Iklan (advertensi): narik kawigaten, ringkes, jelas, bisa nggunakake sesanti
(semboyan),
ukarane ringkes (± 25 tembung).
(Jarwan Dibalik Tugas
Kuli Tinta, 1994: 86)
Titikane basa jurnalistik:
1. sederhana/prasajaa
2. singkat,
langsung ing underane masalah
3
lugas/tegas ora ambigu
utawa duwe teges liya
4
jujur
5
nyenengake, nuwuhake
kawigaten
6
demokratis ora
mbedak-mbedakake
7
populer
8
logis/bisa dinalar
9
nggunakake kaidah
bahasa baku
10 aja
nggunakake dialek
11 aja
nggunakake istilah asing
12 milih
tembung kang bener
13 nggunakake
kalimat aktif
14 ngetrapake
kaidah etika
- PAWARTA
Pandom cak-cakaning perangan kang ana ing sajroning pawarta:
1. What
(prastawa/kadadean apa kang dumdi?)
2. Who
(sapa wae kang nglakoni prastawa kasebut?)
3. When
(kadadeane kapan?)
4. Where
(ana ing ngendi kadadeane?)
5. Why
(prastawa iku bisa dumadi merga apa?)
6.
How (kepiye kahanane?)
Coba gatekna tuladha
pawarta ngisor iki apa wis nggunakake unsur 5 W+1H?
Tradhisi
Ruwahan
Saben
sasi Ruwah utawa Sa’ban
tumrape wong tanah jawa isih ngugemi tatacara adat tradisi Ruwahan/
Nyadran Nyekar Ziarah Kubur Doa tahlil Nyadran ana empere saka tembung Cradda
(basa Sanskerta) tegese upacara pakurmatan mring leluhur. Umume tradhisi mau
ditindakake ana tanggal
15 tekan pungkasane Ruwah.
Wong-wong sing padha urip
bebara ana kota utawa tlatah llya isih merlokkake mulih újube ziarah kubur. Malah ana saperangan pawongan
sing, percaya banget Nyadran iku kaya dene "wajib". Pamrihe ora mung nyekar, ziarah
kubur, /nanging ngemot piwulang luhur, amrih sing urip eling karo leluhur (sing wis
sumare) yen anane anak putu asal-usule iya saka leluhur sing wis sumare.Yen nglirwakkake
'bisa kena "sanksi" social. Lali marang purwa duksina lali saka sangkán parane.
Krana
kemajuane jaman Nyadran digunakake kanggo kumpulan silaturahmi Trah, arisan, ngumpulake
dhuwit kas ana saperangan kanggo
dana driyah shodaqoh lan kanggo aweh
pambiyantu pambangunan papan pangibadahan. Nyadran ora mbedakake agamane apa, sebab
nyadran wis kawengku dadi budaya bangsa. Tembunge kang asring kaprungu aran
Kearifan Lokal(lokal wisdom, local genius),
kawicaksanan sing becik utawa pakarti kang cerdas.
(Kabesut saka kalawarti Sempulur, no:20/IX/2007)
- ARTIKEL
Wacanen tuladha artikel/panemu kang lelandhesan kasunyatan,
kapacak ana kalawarti Djaka Lodhang iki!
Sinau
Nganggo Cara Sinaune Dhewe
Dening: Fiati
Yuwaningsih
Biyen
nalika sekolah, sadurunge pelajaran siswa didhawuhi nembang: siji loro telu
tangane sedheku,
mirengake bu guru menawa didangu...
sing ngemu teges yen sinau kudu anteng. Semono uga ing ngomah
menawa sinau didhawuhi
bapak, ibu ana panggonan kang sepi ora pareng ngrungokake radio,
omong-omongan karo
kancane, apa maneh disambi mlaku-mlaku karo nonton TV apa ngrungokake musik. Kamangka ana bocah kang
kanthi nonton TV, ngrungokake
musik malah gampang anggone sinau.
Mula
saka kuwi wong tuwa jaman saiki kudune ngerti gaya belajare anake. Miturut Prof. Ken lan
Rita Dunn ing buku Belajar Dengan Hati
Nurani, kabeh uwong
duwe gaya belajar kang unik lan dadi ciri wancine kang sifate alami. Gaya belajar kang sifate
alami iki ndadekake luwih nyaman lan hasile luwih apik tinimbang nganggo gaya belajar
liyane. Saben wong paling ora duwe telung cara sinau telung warna nanging mung siji
sing paling menonjol. Gaya sinau kuwi: visual, auditorial, lan kenestetik.
Gaya
pasinaon visual luwih mentingke apa kang diweruhi. Dadi apa wae kang diweruhi gampang
dingerteni. Ciri-cirine wong kang duwe gaya pasinaon visual ing antarane rapi,
teratur, teliti, seneng nggambar utawa corat-coret, luwih seneng maca tinimbang
diwacakake. Menawa ana pitakonan dijawab kanthi singkat.
Gaya
belajar auditorial luwih mentingke apa sing dirungokake, cirine wong duwe gaya pasinaon
auditorial: seneng ngrungokake tinimbang nonton, seneng omong dhewe wektu sinau
utawa maca kanthi sora lan dheweke seneng crita.
Gaya
belajar kenestetik, gaya pasinaon iki luwih mentingake gerak fisik. Wong kang duwe gaya pasinaon
kinestetik sinau nganggo isyarat awake, ora bisa anteng menawa maca karo nuding
tulisane, menawa ngapalake karo mlaku-mlaku.
(Kabesut saka kalawarti Djaka Lodang, no: 52, 2015)
Ukara Fakta lan
Opini
Jujur
Dening: Sujarwo
Jujur
iku kalebu bebuden kang becik. Jujur iku bares, kandha apa anane: yen putih dikandhakake putih, yen
abang ya dikandhakake abang. Jujur iku ora goroh, ora ngapusi, ora mbathi, ora
korupsi, ora gawe rugine liyan. Jujur iku ora duwe pamrih golek kauntungan utawa
pakolih kanggo awake dhewe, kanggo keluarga utawa golongane. Wong tumindak jujur
amarga duwe panganggep menawa kajujuran iku kudu diugemi lan ati nuranine pancen
ora keduga menawa arep tumindak ora jujur.
Sebab-sebab
sing nggiring wong tumindak ora jujur werna-werna. Tumindak ora jujur iku ana sing
kanggo nutupi kekurangan. Kanggo nutupi sifat kesed, wegah tumindak, utawa ora gelem kangelan.
Upamane bocah ora mlebu sekolah kandhane diliburake amarga gurune padha
rapat, mangka bocah mau ora mlebu sekolah amarga durung nggarap PR. Bocah
diutus wong tuwane tuku gula teh, nanging nalika mulih ora nggawa apa-apa. Jare marga dhuwite ilang, mangka satemene
dhuwit mau mung kanggo jajan.
Umume
tindak ora jujur iku disurung pepinginan oleh alis utawa keuntungan sing akeh, sing tanpa rekasa. Nalika ulangan bocah
sekolah sok padha nurun kancane
utawa mbukak buku kepekan supaya oleh
biji sing apik. Supaya cepet sugih
akeh pejabat sing padha korupsi. Supaya
kepilih dadi wakil rakyat, utawa calon gubernur, bupati utawa walikota, calon pejabat
mau padha ngobral janji-janji sing satemene calon-calon mau dhewe isih ragu-ragu
apa bisa ngleksanani apa ora.
Ing
kalangane para among dagang, pancen ngalem utawa ngumbul-umbulake dagangane iku wis
jenengan lumrah. Pancen ya ora jujur, ning pancen ya wis mangkono iku sing jenenge
pariwara utawa iklan. Wong liya kena percaya kena ora. Lha, politik sing diiklanake iku ya kaya
dene barang dagangan, yen percaya ya tukuwa, yen ora ya aja tuku.
Tindak
ora jujur iku bisa kedadeyan ing babagan apa bae: ing babagan jurnalistik, ing babagan ilmu, ing
babagan politik, ing babagan penelitian, surve, pelaporan, pertanggungjawaban
keuangan lan liya- liyane. Ing babagan olah raga utawa sport ya asring
ora sportif, pertandingan sepak bola asring diterusake adu jotos. Saya-saya ing babagan kasukan utawa
perjudian. Ing crita wayang lakon Pandhawa Dhadhu, Pandhawa kalah
entek-entekan amarga akal licike Patih Sengkuni.
Mawas
lan tumindak kang jujur iku pancen ora gampang. Manungsa tarkadhang bisa diapusi dening
pikirane dhewe. Manungsa iku saya pinter, uga saya pinter olehe ngapusi awake dhewe.
Pancen jujur marang awake dhewe iku ora gampang. Ya mung wong sing bisa mawas
dhiri klayan obyektif, sing bisa nglimbang-nglimbang apa tumindak lan pamikire iku jujur
apa ora. Sifat jujur kang sumimpen ing ati nurani iku kudu tansah diurip-urip, supaya
wong tansah bisa tumindak jujur.
Akhir-akhir
iki ing sekolahan-sekolahan diadani anane "kantin utawa warung kejujuran". Kantin
iku ora dijaga, sapa sing arep tuku bisa njupuk barang lan nglebokake dhuwit sarega karo
barang sing dijupuk mau. Kanthi mangkono para peserta didik dikulinakake mbayar apa
mesthine, ora ngapusi, utawa ngurangi regane. Warung kejujuran iku uga becik
kanggo nglelatih supaya para peserta didik padha jujur. Yen kejujuran iku wis
tumanem ing ati nuranine sadhengah uwong, kebiasaan goroh, ngapusi, tekan korupsi mbok
menawa bisa diilangi.
Ing
kalangane umat Katolik yen rumangsa wis tumindak salah ana kuwajiban ngaku dosa. Ing masyarakat
Indonesia umume ing riyaya lebaran ana kebiasaan apura ing apura mungguh sakabehe
kaluputan. Kupat, jare "ngaku lepat", iku dadi pasugatan sing khas ing riyaya
lebaran. Emane sing akeh-akeh
mau mung mandheg dadi ucapan, kurang dihayati utawa
didadekake sarana kanggo ngresiki ati. Yen kaluputan mau disadhari lan ora
ditindakake maneh, harkat kamanungsane wong Indonesia bias mundhak dhuwur.
(Kapethik Saking: Suara Merdeka Minggu ke 2 Maret 2009)
Ukara
ing wacan "Jujur" ana kang awujud perangan kasunyatan (fakta) lan perangan panemu (opini). Kasunyatan yaiku perangan utawa apa-apa sing
nyata-nyata kadadeyan
ing donya iki. Dene panemu utawa opini
yaiku perangan sing mujudake gagasan (pendhapat) utawa panemune
sawijining wong.
Tuladha kang
kalebu panemu (opini)
Sebab-sebab
sing nggiring wong tumindak ora jujur werna-werna. Tumindak ora jujur iku ana sing
kanggo nutupi kekurangan. Kanggo nutupi sifat kesed, wegah tumindak, utawa ora
gelem kangelan.
Tuladha kang
kalebu kasunyatan
(fakta)
Akhir-akhir iki ing sekolahan-sekolahan diadani anane "kantin utawa warung kejujuran". Kantin iku ora dijaga, sapa sing arep tuku bisa njupuk barang lan nglebokake dhuwit sarega karo barang sing dijupuk mau.
Referensi: Kartika Basa IX
Yen wis rampung mahami wacan ing dhuwur, banjur garapen Penilaian Pengetahuan ngisor iki!
Tidak ada komentar: