WULANGAN 1 SEMESTER GENEP KELAS VII GEGURITAN
I. Tegese
Geguritan
Geguritan
yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka
tembung "gurit", kang ateges tulisan. Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrak anyar,
amarga ora kaiket ing aturan kaya dene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana
angen-angen (ilham/inspirasi).
Geguritan mujudake karya kang
sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda. Pangangen-angen
kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake
panganggit.
Kanthi
mengkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa,
seselan lan liya-liyane. Geguritan iku duweni piwulang kang bisa kapethik
kanthi jarwakake luwih dhisik. Njarwakake geguritan iku ateges ngudhari ukara-ukara
geguritan iku supaya isine bisa dimangerteni.
Titikane/tetengere geguritan:
1.Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
2. Mentes yaiku tembunge duwe teges kang jero
3. Endah
ngemu purwakanthi swara, purwakanthi sastra utawa purwakanthi basa.
4. Tembung-tembunge pilihan.
II. Bab
kang perlu digatekake nalika maca geguritan supaya anggone maca katon endah yaiku:
1. Siyaga mental sadurunge
munggah panggung,
swasana ati lan pikiran kudu wening tumuju ing isine geguritan sing arep
diwaca.
2. Nggagapi
isine geguritan sadurunge maju kudu wis ngerti isine geguritan,
yaiku seneng, sedhih, keduwung, nesu, Isp.
3. Maca
geguritan ing panggung biasane kanggo wong sing lagi gladhen utawa durung
tau munggah panggung, akeh-akehe ngalami dhemam panggung/ndredheg.
Carane kanggo ngilangi rasa ndredheg mau kanthi unjal ambegan landhung kaping
telu.
III. Paugeran
nalika maca geguritan, yaiku:
1. Wicara:
pocapan yaiku dhong-dhinge swara. Pamacane geguritan, pocapan (lafal) kudu cetha, ora kena groyok,
rangu-rangu. Kejaba kuwi
pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener. Pocapan kang teteh lan cetha
nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung, pupaya benér anggone maca geguritan.
2. Wirama
(irama/lagu) munggah-mudhun swara,
banter alon, lan cetha utawa samar
nalika maca geguritan.
3. Wirasa
(penghayatan) kanggo mbedakake isine
geguritan iku sedhih, seneng, semangat
apa nesu.
4. Wiraga
yaiku patrap (sikap) obahing awak lan
pasemon nalika maca geguritan.
Kagatekna tuladha geuritan ngisor iki:
Dayaning
Pustaka
dening: Sri Winarti
Pustaka minangka cendhelane donya,
korining ngelmu lan pangawikan,
sanajan wujude ora mingsra,
nanging duwe daya,
agawe wasis, lantip, lan pana,
pustaka bisa dadi obor lan pepadhang,
dadi pandoming agesang,
dadi teken tumuju gebyaring panyawang,
murih wegig lan manjila,
murih jembar ing wawasan,
cecepen saliring pangawikan
kang kaemot ing kapustakan,
kabeh gegayuhan bakal kasembadan,
cedhak ing kamulyan lan kabagyan,
yen kuwagang mbabar seserepan.
(Djaka Lodang no 06 tanggal 11 Juli 2015)
Kawruh basa
Teges tembung
Tembung |
Tegese |
Pustaka |
Buku |
Korining |
Lawang |
Pangawikan |
kawruh,
seserepan |
ora
mingsra |
ora
apik |
Wasis |
Pinter |
Lantip |
Pinter |
Pana |
ngerti,
paham |
Pandoming |
piranti
kanggo nyumurupi arah |
Panyawang |
pandeleng |
Wegig |
pinter,
kendel |
Manjila |
pinunjul |
Dicecep |
diombe
sethithik |
Saliring |
sakabehe |
Kaemot |
kapacak |
Gegayuhan |
cita-cita |
Kasembadan |
kelakon |
Kuwagang |
Kuwat |
Seserepan |
kawruh |
IV. Nulis
Geguritan
Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrag anyar, amarga
ora kaiket ing paugeran kaya
tembang, dene endahing geguritan iku dumunung ing;
1. Endahing ukara kang cocog karo isining karangan.
2. Pilihan tembung-tembung kang mentes lan pantes.
3. Nggunakake wirama lan basa (purwakanthi,
dwipurwa, seselan, lan sapanunggalane).
Geguritan iku salah sawijining asil kasusastran Jawa
modhern. Sapa wae bias gawe
geguritan. Nganggit utawa ngarang geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman
pribadi utawa nyritakake kahanan kang tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning
manungsa ing alam donya manut jaman kelakone.
Gawe geguritan sejatine gampang, ananging akeh kang
kudu digatekake supaya nengsemake
nalika diwaca lan gampang dipahami. Carane gawe geguritan urut-urutane kasebut ing ngisor iki:
1. Nemtokake tema
utawa underaning gagasan.
Pilihen tema
sing dikarepake minangka paugeran sajrone gawe geguritan supaya luwih
nengsemake. Tema geguritan akeh banget. Sabisa-bisane pilihen tema sing banget
nengsemake. Sawise nemtokake tema, sabanjure nemtokake irah-irahan sing ana
sambung rapete karo tema.
2.
Nemtokake tembung wigati (kata kunci)
Sawise nemtokake tema, sabanjure yaiku nemtokake
tembung wigati lan sabanjure
mekarake tembung kasebut. Upamane menawa underaning gagasan musibah banjir,
sabanjure yaiku nggolek tembung wigati sing ana gegayutane karo musibah banjir kasebut
upamane: keli, wedi, bubrah, mblasah, musibah, musna, ilang, lan
sapanunggalane.
Tembung wigati kasebut nduweni teges sing raket
gayutane karo musibah banjir.
Menawa tembung wigati kasebut wis dirasa cukup kanggo miwiti gawe geguritan sabanjure
kari ngrembakakake dadi ukara utawa gatra geguritan. Upamane tembung wigati
siji digunakakake kanggo salarik. Bisa uga satembung wigati dadi sapada (sak bait).
3. Migunakake
lelewaning basa
Nulis geguritan nggunakake lelewaning basa, kayata; pepindhan, paribasan, sanepa, wangsalan lan sapanunggalane.
4. Ngrembakakake geguritan saapik-apike.
Sabanjure ngrembakaake tetembungan dadi geguritan kang endah. Tatanen tembung-tembung dadi sawijining geguritan sing utuh lan ana maknane.
5. Geguritan
iku kudu ringkes mentes lan uga endah. Pilihen tembung sing pas sing bisa makili kaendahan
lan uga teges kang mentes. Supaya rerangkening tembung ing geguritan
katon endah, bisa migunakake purwakanthi.
Purwakanthi/runtuting peranganing(bagian) tembung ana warna 3 yaiku:
1. Purwakanthi guru swara
Tuladha purwakanthi swara:
ana sega
ana upa (runtuting swara a)
gemi, setiti, ngati-ati (runtuting swara i)
2. Purwakanthi guru sastra
Tuladha purwakanthi sastra:
ririh ruruh rereh (runtuting konsonan r lan h)
bibit, bobot, bebet (runtuting konsonan b lan t)
3. Purwakanthi guru basa/lumaksita (runtuting tembung)
Tuladha purwakanthi lumaksita:
para mudha, mudha mudhining nagara (runtuting
tembung mudha)
bayem arda, ardane ngrasuk busana (runtuting tembung arda)
Referensi: Kartika Basa Kelas VII
Yen wis rampung mahami materi, banjur garapen Penilaian Pengetahuan ngisor iki:
Tidak ada komentar: