WULANGAN 3
SESORAH
- Sesorah
- Tegese
Sesorah
Sesorah, pidhato, tanggap sabda, medhar
sabda yakuwi njlentrehake idhe utawa
pokok pikiran kanthi wujud ukara-ukara kang diucapake ing sangarepe wong akeh.
- Ancase(tujuan) Sesorah
- Kanggo
menehi hiburan
Yaiku menehi hiburan marang pamidhanget
(pendengar), mula tanggapan saka
pamidhanget, pamidhanget kaangkah rumangsa seneng lan marem.
- Kanggo
menehi informasi
Kaangkah pamidhanget bisa mangerti lan
paham marang apa sing dingendikakake
pamicara.
- Kanggo
nggerpol/ajak-ajak/mengaruhi
Kang ngrungokake supaya nindakake apa
kang dikarepake dening pamicara.
- Teknik/Cara-cara
Sesorah
- Sesorah
kanthi bebas/tanpa teks
Tuladha sesorah atur pambagya harja ana
ing pahargyan temanten, Isp.
- Sesorah
kanthi nggunakake teks
Tuladha sesorah tumrap Presidhen,
Gubernur, laporan pertanggungjawaban.
- Sesorah
kanthi dadakan/spontanitas/impromptu
Sesorah
kang tanpa dirancang, tanpa dinyana sadurunge dening pamedhar sabda,
ujug-ujug ketiban sampur supaya matur/ngendika dening MC.
- Sesorah
kanthi apalan
Pamicara sadurunge wis ngrancang
teks/naskah sesorah banjur diapalake.
- Sesorah
kanthi ekstemporan
Pamedhar
sabda mung nyiapake pokok sawijining bab/masalah kang bakal diwedharake
banjur kanthi pengalaman, lan bumbu-bumbu lelucon mekarake kerangka/pokok
pikiranmau ana ing sesorahe.
- Bab
kang Kudu Digatekake Nalika Sesorah
- Basa
kang digunakake kudu laras karo:
-
Sapa sing medhar sabda
-
Sapa sing tumanggap
-
Apa Apa sing
diwedharake (dirembug)
-
Kepriye swasanane
(papan, wektu, kahanane)
-
Apa ancas tujuane
sesorah mau
- Solah
Bawa
Solah
bawa utawa patrap (sikap) sing mantep lan teteg, ngadeg jejeg, tangan ngapurancang lan
anteg (ora kakehan obah Sing ora perlu), ora ndangak utawa ndhungkluk
terus.
- Wiramaning
swara
Kepenak dirungokake ora keseron, ora
kelirihan, cetha, ora groyok, ngerti lan tanggap karo swasanane.
- Ageman/
Busana
Resik,
rapi, sopan, laras karo kahanan lan swasanane. Carane busana uga kudu bener lan
pener (nganggo peci, setut, dhasi, Isp. Ageman uga kudu laras karo
pamirenge lan acarane: jas-jasan, kejawen, hem lengen dawa, bathik lsp.
- Carane
Ngadeg ing Podium
Sadurunge diwenehi wektu dening pranatacara, becike pamicara
lungguh ing papan
sing rada ndhelik kanggo nuwuhake daya kejut pamireng.
- Carane
Nggoceki Mikrofon
Mikrofon
kang ana standare ora perlu digoceki bola-bali amarga bisa muni lan mbrebegi, dene
mikrofon kang ora ana standare digoceki lumrah wae, aja dolanan kabel utawa
nggaya kaya penyanyi neng panggung. Mikrofon karo lambe aja
kecedhaken utawa kadohan.
- Urutan
Cengkorongan Sesorah
- Uluk
Salam/Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para
tamu/pamireng kalarasake karo swasana
lan pamireng.
- Pamuji
Isine muji syukur lan panuwun marang
Gusti dene bisa kumpul ing adicara iku kanthi slamet lan uga panyuwunan murih
adicara kasebut bisa lancar kalis
nir ing sambekala.
- Wigatining
Atur/si
Isine ngaturake apa sedyane/karepe dene
para tamu/pamireng diatur rawuh
ing adicara iku.
- Pangarep-arep
Isine nyuwun donga pangestu supaya apa
sing digayuh bisa kaleksanan.
- Panutup
Sine nyuwun pangapura menawa ana
kaluputane lan kekurangane anggone
matur.
- Salam
Panutup
- Nindakake Sesorah
- Carane
Mbuka Pidhato
- Ngucapake
rasa syukur.
- Nyritakake
pengalaman kang ana gegayutane karo isi pidhato.
- Nyritakake
crita ilustrasi kang sipate umum.
- Crita
lelucon (menawa ora resmi) kang ana gegayutane karo isi pidhato.
- Nepungake
awake dhewe.
- Njlentrehake
gegambaran umum isine pidhato.
- Nyebutake
fakta pamireng.
- Nyebutake
tuladha karng nyata, yakuwi prastawa kang ana gegayutane karo isi pidhatone.
- Nyebutake
kutipan panemune sawijining tokoh (pendapat), paribasan, semboyan, buku,
utawa kitab suci, lagu, geguritan, Isp kang ana sesambungane karo
isi pidhato.
- Menehi
kesempatan pamireng supaya melu atur rembug, contone nganggo pitakonan.
- Nganggo barang kanggo maragakake, barang kang dianggo kudu ana sesambungane karo perkara kang dipidhatokake.
- Miturut
Pendekatan Isi Pidhato
- Pendekatan
Intelektual
Digunakake manawa pamirenge duwe
pendidikan kang cukup.
- Pendekatan
Moral
Digunakake
yen pamirenge seneng melu kegiatan moral, apa maneh moral keagamaan. Pamicara
bisa nganggo kutipan ayat suci utawa liyane kang cocok.
- Pendekatan
Emosional
Digunakake
yen pamirenge kurang pendidikan. Pamireng kang kaya mangkono gampang
anggone nampa
isine pidhato manawa disenggol semangate,
kabutuhane, lingkungane, Isp.
- Cara
Nutup Pidhato
- Ngringkes/nyimpulake
- Ngalem
pamirenge
- Nganggo
ukara lucu
- Ngajak-ajak
- Nganggo
ukara (semboyan, motto, peribahasa) kang wis kondhang
- Nganggo
Parikan/wangsalan
- Maca Teks Sesorah
Teks
sesorah ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas kanthi temenan kaya patrape wong sesorah ing
sangarepe tamu undhangan. Aja mung kaya maca naskah wacan biasa. Gatekna
pangucaping tembung (wicara), pamedhoting ukara, intonasi (wirama), greget
utawa semangat (wirasa) lan solah bawa (wiraga).
Tuladha Teks Sesorah Tanggap Wacana Lulus Ujian:
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Kasugengan,
karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula panjenengan sedaya.
Aamiin.
Panjenenganipun
Bapak Suradi, M.Pd. pinangka kepala SMP Tunas Muda ingkang satuhu kinabekten.
Bapak/lbu guru sarta karyawan SMP Tunas
Muda ingkang satuhu kinurmatan, sarta
para kanca ingkang kula tresnani.
Langkung
rumiyin, sumangga ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang
sampun kepareng paring karohmatan ingkang awujud kasarasan sarta
kalodhangan, satemah saged manunggal ing aula SMP Tunas Muda kanthi boten
wonten alangan setunggal menapa.
Para
Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka wakil para kanca kelas IX, mboten
kesupen ngambali atur wilujeng
rawuh kairing agunging panuwun, dene
sampun kersa rawuh ing adicara menika.
Kejawi
menika, kula ugi ngaturaken panuwun dhateng Bapak Kepala SMP Tunas Muda ingkang
sampun kersa nampi sarta mangku sadaya sarana, ubarampe tuwin samudayanipun
amrih cekapipun pepanggihan
menika. Mugi-mugi kesaenaning
penggalih kaparingana nugrahaning Pangeran Ingkang Maha Asih. Kula sakanca nyuwun pangapunten
kanthi sanget boten saged nyaosi piwales menapa-menapa.
Bapak-bapak,
Ibu-lbu Guru, Bapak-lbu Wali Murid sarta para kanca sedaya, wosing atur kula sedaya
kelas IX ngaturaken syukur alhamdulilah dhumateng Gusti ingkang Maha Rahiim
ingkang sampun ngjabahi doa-doa kula dalasan para kanca siswa kelas IX temahan ing
Ujian Nasional sarta Ujian Sekolah wekdal menika saged lulus sarta tamat
100%.
Dene
ingkang kaping kalih, kula minangka wakilipun para kanca matur nuwun sanget dhumateng para
Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun kersa maringi piwucal, kawruh,
wewarah, miwah pitedah ingkang murakabi. Boten langkung kula sakanca nyuwun pangestu
mugi-mugi saged nglajengaken sinau ing tataran ingkang langkung inggil
kanthi gangsar.
Wondene
atur ingkang kaping tiga, kula pitados bilih kula sakanca rumiyin asring sami nakal,
boten nggega dhawuh, nerak angger-anggering sekolahan, lan sanes-sanesipun. Sadaya
wau temtu damel runtikipun penggalih. Ingkang menika kula sedaya siswa kelas
IX rumaos getun keduwung sanget. Pramila kula sakanca nyuwun pangapunten.
Para
Bapak/lbu Guru, Bapak/lbu Wali Murid, sarta para kanca sedaya, mekaten atur kula. Mbok bilih
wonten kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun lumunturing sih pangaksami.
Akhirul kalam, Wabilahitaufiq wal
hidayah.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Sumber: Kartika Basa IX
Yen wis rampung mahami bahan ajar ing dhuwur, banjur
wangsulana pitakonan ngisor iki nganggo basa krama ing buku tulismu:
1.
1. Menapa ingkang dipunwastani sesorah
menika?
2.
2. Menapa kemawon ancasipun sesorah?
3.
3. Bab menapa kemawon ingkang kedah
dipun-gatosakan nalika nindakaken sesorah?
4.
4. Katerangna urutaning cengkorongan
sesorah!
5.
5. Kaseratna tuladha perangan(bagian)
sesorah ingkang awujud pamuji!
6.
6. Menapa kemawon wosing(isi/poin) tuladha
teks sesorah tanggap wacana lulus ujian ing ngginggil?
7.
7. Kaseratna tuladha perangan sesorah
ingkang awujud panutup!
Tidak ada komentar: