Wulangan 2
Crita Pengalaman
Crita pengalaman yaiku crita kedadean
kang wis tau dideleng/ ditemoni utawa dilakoni dhewe ing saben dinane.
Crita pengalaman bisa arupa crita kang sedih, seneng, lucu, nrenyuhake, utawa
mrihatinake. Mirengake crita pengalaman ateges nyemak critane wong liya kang critane bisa
sedih, seneng, lucu, nrenyuhake utawa mrihatinake. Pengalaman kang dicritakake marang wong
liya bisa pengalaman pribadhine dhewe, uga bisa pengalaman kang diduweni wong liya. Sadhengah kadadean kang
wis tau dilakoni iku menawa dicritakake bisa nambahi kawruh marang
kang ngrungokake.
Crita bab pengalaman marang wong liya iku kudu duweni kaprigelan ing bab micara. Yen bisa crita kanthi apik, wong kang ngrungokake bisa katut ing swasana crita kasebut. Wong kang krungu bisa nangis, ngguyu, mesem, bungah utawa susah. Pengalaman kang dilakoni sepisanan utawa nembe wae kalakon mesthi krasa banget ing ati, apa maneh lelakon iku sedhih. Kaya-kaya ora ilang-ilang saka pikiran lan rasaning ati.
Nyritakake pengalaman sedhih marang wong
liya bisa njalari panglipuring ati. Menawa duwe lelakon kang
kalebu sedhih lan ngebot-eboti pikir, luwih becik enggal-enggal dicritakake marang
sapa kang dianggep cedhak, kayata ibune, bapakne, kakang utawa mbakyu, kanca raket,
utawa liyane, amrih nemu rampunge perkara utawa ndadekake ati lega. Kanthi mangkono bisa
ngurang-urangi rasa sedhihe, apa maneh sawise diwenehi pitutur kang ngayem-ayemi. Jare
kanthi crita bakal ngurangi aboting masalah (perkara) kang nembe dirasakake.
Yen ana wong kang nyritakake pengalaman
marang kowe rungokna sing tenan. Pengalaman mau bisa wae dadi
tuladha sing becik kanggomu. Tumrap sing nglakoni bisa dijupuk
"hikmahe".
Crita pengalaman yaiku crita kang diceritakake marang wong liya bisa pengalamane dhewe, uga bisa uga pengalaman kang diduweni wong liya. Dene pigunane crita pengalaman yaiku:
1. Minangka
sarana ngudhar reruweting pikir
2. Nambahi
kawruh
3. Minangka
piwulang utawa guru kang becik
4. Minangka
panglipur
Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis
yaiku:
1. Anane tema
utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni
2. Nemtokake
pokok-pokoking crita
3. Mekarake pokoking crita
dadi ukara
4.
Mekarake ukara dadi paragraph.
5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing
tembung, runtuting ukara, runtuting paragraph, uga tata panulise.
Semaken tuladha
crita pengalaman ing ngisor iki!
Wisata ing Guwa Cemara
Wekdal prei unggah-unggahan kelas sampun dumugi. Kula
sakulawarga badhe plesir dhateng
Guwa Cemara. Jam enem enjing kula sakulawarga
sampun tata-tata badhe plesir dhateng pesisir Guwa Cemara. Bapak, ibu kula saha rayi kula sampun
nyawisaken samubarang ingkang
kabetahaken samangke. Kula mbeta ember kangge madhahi jingking. Saksampunipun sedaya siap kula sakulawarga lajeng
bidhal tumuju
papan plesiran ing kutha Bantul.
Lampah kula mangidul ing margi Bantul lajeng tumuju margi Srandakan mangilen. Saksampunipun dumugi ing protigan Sapuangin, lampah kula menggok mangidul medal margi tumuju kecamatan Sanden. Senajan mlebet padhusunan nanging marginipun ugi sampun rame. Kathah kendharaan ingkang sami miyos ing mriku menapa malih ing dinten liburan utawi dinten Minggu kathah sanget tiyang-tiyang ingkang sami badhe dhateng pesisir kidul tansaya nambahi ramenipun margi. Sadangunipun ing margi kula ningali sesawangan sakiwa tengen kathah sabin ingkang ketingal ijo royo-royo tanemanipun.
Boten dangu bapak ngendika menawi
sekedhap malih sampun dumugi pesisir Guwa Cemara. Pranyata saestu. Boten
ngantos jam-jaman, lampah kula sakulawarga
sampun dumugi pesisir Guwa Cemara. Saksampunipun parkir kendharaan, kula, bapak,
ibu sarta rayi kula mandhap tumuju ing pinggir segara. Wiwit dugi ati kula menika raosipun bingah sanget. Ing mriku ketingal wit-wit cemara ingkang
ngrembuyung jejer tharik-tharik kathah sanget saengga papanipun edhum lan
hawanipun seger. Jumeguring alun(ombak) ing wekdal enjing ugi keprungu sora sanget.
Kula kaliyan rayi kula sami methukaken alun nanging dipunemutaken bapak lan ibu
awit alunipun ageng sanget, pramila kula kedah ngatos-atos. Kula lajeng dolanan
wedhi damel punthukan. Punthukan-punthukan menika sami ambyar nalika
katerjang toya saking pecahing alun. Sasampunipun damel punthukan wedhi, kula kaliyan
rayi kula lajeng pados jingking ingkang mentas kabeta alun. Jingking-jingking wau
sami mlayu santer sanget lajeng ngerong saklebeting wedhi. Kula uber ngantos
kecepeng lajeng kula wadhahi ember. Boten kraos wekdalipun sampun siyang. Bapak
kaliyan ibu nimbali kula kekalih dipunajak wangsul. Kula kaliyan rayi kula
lajeng ndherek dhawuhipun bapak kaliyan ibu wangsul nilaraken pesisir Guwa Cemara
kanthi raos ingkang lega.
Kawruh Basa
Teges Tembung
Tembung-tembung
sawetara saka crita pengalaman ing dhuwur yaiku:
Pinuju : ngepasi
wektu
Sabin : sawah
ijo royo-royo : katon
ijo seger
ngrembuyung : ketel,
akeh godhonge
edhum : eyup,
ora panas
ngerong : ndhelik
ing jero lemah utawa wedhi
kula uber : dak uyak, dak
goleki
kecepeng : kecekel
Piwulang budi
pekerti saka crita pengalaman kasebut yaiku:
1. Awake dhewe kudu bisa nduweni rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa kang wis nyipta bumi kang sawiji isine segara kang jembar.
2. Awake dhewe
kudu bisa njaga lestarine alam aja nganti gawe rusak.
Yen wis rampung anggonmu mahami bahan ajar ing dhuwur, banjur wangsulana pitakon ing ngisor iki!
Tidak ada komentar: