Wulangan 1
Unggah-ungguh Basa Jawa
Basa
mujudake sarana kanggo medharake gagasan utawa rasa pangrasane manungsa. Kanggo medharake gagasan utawa rasa pangrasa iku
mau bisa diwujudake kanthi
pocapan, sarana tulisan, bisa uga sarana
sasmita utawa isyarat mula banjur diarani
basa lisan, basa tulis lan basa isyarat. Saka maneka warna basa
kasebut cara kang paling
cetha lan gampang ditampa dening wong
liya yaiku kanthi migunakake basa lisan.
Nalika
medharake gagasan kang wigati
tumrape wong kang nggunakake basa
lisan kanggo guneman yaiku kanthi migunakake
basa kang bener lan becik. Basa
kang bener tegese bisa migunakake
tetembungan kang pener lan
ukara kang genep saengga gampang
dimangerteni karepe, dene kang
becik yaiku bisa nglarasake tetembungane, bisa ngétrepake ukarane cocok karo sapa anggone
guneman lan swasana kang kepiye. Ana tetembungan bisa empan papan kang teges
getrepake marang kahanan lan swasana ing
sadhengah papan lan wektu. Kanthi
mangkono bisa gawe sengsem
lan ora nglarani atine wong
kang diajak guneman sarta bisa njaga ajining dhiri wong liya uga
pribadine dhewe. Cekake wong micara kanthi unggah-ungguh tegese bisa guneman
kanthi manut tatanan kang lumaku ing bebrayan.
Unggah-ungguh
basa bisa dadi sarana kanggo nggayuh katentreman amarga wong kang bisa
ngetrapake basa kanthi bener lan becik bakal kepenak anggone sesrawungan. Wong kang
bisa ngetrapake basa kanthi bener lan becik iki kang diarani ngerti
migunakake unggah-ungguh basa.Bisa migunakake unggah-ungguh basa ateges bisa
ngajeni marang wong liya. Bisa ngajeni liyan ateges bisa gawe kabecikan. Wong
kang bisa gawe kabecikan ateges nggayuh katentreman. Mula ayo ajar unggah-ungguh
sarta dicakake ing pasrawungan saben dinane supaya bisa urip ayem lan
tentrem ing madyaning bebrayan.
Kawruh Basa
1. Teges
Tembung saka wacan
Medharake : ngandhakake,
ngetokake panguneg-uneg pikir
Pangrasa : apa
kang dirasakake
Sasmita :lambang,
isyarat, kode
Guneman :omongan,
celathu
Sadhengah :ing
saenggon-enggon, saben papan
Sengsem :
seneng
Sesrawungan : kekancan
Bebrayan :urip
bebarengan wong akeh (masyarakat)
Nggayuh :ngudi,
nggoleki
2. Bab Unggah-ungguh Basa
Wernane unggah-ungguh basa ing jaman saiki lumrahe
kaperang dadi:
- Unggah-ungguh
Basa Tataran Tembung(kata)
Kaya kang wis
kaandharake ing dhuwur, menawa unggah-ungguh basa iku kawujud awit rasa
pakurmatan, mula tetembungane uga duwe piguna kang siji lan liyane beda. Coba
gatekna tuladha tetembungan ing ngisor iki:
Tembung Ngoko |
Tembung Krama |
Tembung Krama Inggil |
Madhang |
Nedhi |
dhahar |
Omong |
Matur |
ngendika |
Mlaku |
Mlampah |
tindak |
Lanang |
Jaler |
Kakung |
Wadon |
Setri |
putri |
Omah |
Griya |
Dalem |
Tuku |
Tumbas |
Mundhut |
Lunga |
Kesah |
Tindak |
Teka |
Dugi |
rawuh |
Mulih |
Wangsul |
kondur |
v Tembung
ngoko digunakake kanggo awake dhewe/sing luwih enom
v Tembung
krama digunakake kanggo awake dhewe/sing luwih enom nalika matur marang uwong
sing luwih tuwa.
v Tembung
krama inggil kanggo uwong sing luwih sepuh/diajeni.
Tuladhane; nalika basake awake dhewe mesthi
nganggo nedhi, ora kena dhahar(merga kuwi kanggo uwong
sing luwih sepuh). Suwalike, menawa ngramakake simbah iku mesthi kakung, mula ora ana simbah jaler.
- Unggah-ungguh
Basa Tataran Ukara(kalimat)
Sawise paham babagan
tembung, tetembungan mau didhapuk dadi ukara mula kudu mangerteni cak-cakane.
Unggah-ungguh tataran ukara kaperang dadi 4;
1) Ngoko
Lugu
Basa iki tetembungane
ngoko kabeh, tuladhane:
-
Jam sewelas mau Januwar wis madhang ana ing omah.
-
Jono mulih saka lungan
watara jam lima sore.
2) Ngoko
Alus
Basa iki tetembungane
ngoko kecampur krama inggil(merga sing diceritakake wong sing luwih sepuh),
tuladhane:
-
Jam sewelas mau Pak Sum wis dhahar ana ing daleme.
-
Bu Baidah kondur saka tindakan
watara jam lima sore.
3) Krama
Lugu
Basa iki kabeh
tetembungane krama, tuladhane:
-
Tabuh sewelas wau Januar
sampun nedhi wonten ing griyanipun.
-
Jono wangsul saking kesahan
watawis tabuh gangsal sonten.
4) Krama
Alus
Basa iki tetembungane
krama kecampuran krama inggil, tuladhane:
-
Tabuh sewelas wau, Pak Sum
sampun dhahar wonten ing dalemipun.
-
Bu Baidah kondur saking tindakan
watawis tabuh gangsal sonten.
Tuladha Unggah-ungguh
Tetepungan(kenalan)
Bocah
loro marani ibu kepala sekolah kang wis jumeneng diampingi ibu guru lan bapak guru kanggo
nyalami para siswa kang padha teka. Kadhangkala karo mundhut pirsa marang
siswa kang anyar. Pakulinan iki kanggo nguri-uri budaya “3 S" yaiku Senyum,
Salam lan Sapa.
Kepala Sekolah :"Wah,
sragam anyar iki siswa anyar ya? Kelas pitu apa, Mas?"
Briantara :
"Kula kelas pitu A, Bu!"
Kepala Sekolah : "Sapa
jenengmu, Mas?"
Briantara :
"Ndherek nepangaken nama kula Briantara,
Bu!"
Kepala sekolah :"Ya.
Kana enggal nggoleki kelase!"
Briantara :
"Inggih, Bu. Matur nuwun. Pareng, Bu!"
Kepala sekolah : "lya-iya."
Ibu guru :"Yen
mbake iki kelas pitu apa ya?"
Pawening :
"Kula kelas pitu A, Bu!"
Ibu guru :
"Wah yen ngono sakkelas karo mas Brian kae mau!
Sapa
jenengmu Mbak?"
Pawening :
"Nama kula Pawening, Bu!"
lbu guru :
"Ya kana enggal tumuju kelas!"
Pawening :
"Inggih Bu!"
Ora
let suwe keprungu unine tembang
Gambang Suling minangka pratandha
bel wiwiting piwulangan. Ibu kepala sekolah sarta
bapak ibu guru nuli ninggalake
regol saperlu tata-tata kanggoupacara pembukaan Pengenalan Lingkungan Sekolah
utawa PLS kanggosiswa kelas pitu.
Tuladha Unggah-ungguh
Pamitan
Jam
06.15 WIB Galang wis rampung adus
lan nganggo sragam sekolah kang wis disetlika mlithit. Galang banjur sarapan bareng karo bapak, ibu
lan adhine sing jenenge
Gendhis. Sawise rampung sarapan Galang
lan Gendhis padha njupuk tas banjur
pamitan marang bapak ibune. Galang
ngajak salaman bapakne karo diaras astane.
Galang : "Pak,
kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah. Kula nyuwun donga saha
pangestunipun bapak!"
Bapak : "lya
le, muga-muga sliramu tansah antuk keslametan lan lancer anggonmu sinau!"
Galang :"Matur
nuwun Pak donganipun."
(Sawise
iku Galang banjur pamit marang ibune, kanthi patrap kang padha marang bapake. Semono uga Gendhis uga nindakake
patrap kayadene kangmase iku. Gendhis
pamit marang bapak lan ibune)
Galang : "Kepareng
kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah, Bu!"
Lbu : "Sing
ngati-ati ing dalan lan tansah manut dhawuhe bapak ibu guru ya, Le!"
Galang : "Inggih
ibu. Kula ngestokaken dhawuhipun panjenengan. Pareng Bu, Pak!"
Gendhis :"Pareng
nggih Pak, Bu, , nyuwun pamit rumiyin!"
Bu :
"lya Ndhuk. Ngati-ati ing dalan! Aja seneng
sembrana lan keladuk yen
geguyon karo kancamu, Ya!"
Gendhis : "Inggih,
Bu"
(Sakpungkure
bocah loro iku bapake Galang uga banjur tata-tata budhal kerja. Ora lali uga pamitan
marang garwane.)
Bapak : "Wis
ya Bu. Bapak budhal dhisik. Mengko mbok menawa bapak rada telat bali amarga
ana rapat kanggo ngrembug kegiatan semester iki."
Ibu :
"lya Pak. Ngati-ati. Muga-muga kabeh bisa nemu
keslametan lan tansah
diparingi dalan gampang kanggo penjenengan uga bocah-bocah!"
Bapak :
"Amiin. Matur nuwun ya pandongane!"
(Sakwise garwane tindak ibune Galang nuli
nutup pager omahe sakbanjure nerusake pagaweyane.)
Kawruh Basa
Teges Tembung
Diaras :ditemplekake
ing pipi utawa irung, diambung
Bidhal :budhal,
mangkat
Sakpungkure :sakrampunge,
sakwise
Ndhuk :saka
tembung gendhuk, sebutan kanggo anak wedok
Yen wis rampung nyinau Wulangan 1 ing dhuwur, banjur garap soal ing ngisor iki!
Wartinew8@gmail.com(Google)
BalasHapus