WULANGAN 1
UNGGAH-UNGGUH
Kompetensi Dasar:
3.1 Memahami teks untuk berbagai maksud dan tujuan dalam
masyarakat sesuai dengan unggah-ungguh Jawa.
Sesrawungan ing madyaning masarakat Jawa wis asring
keprungu kang aran unggah-ungguh. Perangan iki mujudake sawijining bab kang uga
wigati saliyane apa maksud kang bakal diaturake. Saka pamilihing tetembungan
bisa trawaca basa kuwi kanggo matur utawa omongan marang sapa. Mula sadurunge nelakake karep, ayo padha
dieling-eling meneh babagan unggah-ungguhing basa, supaya mengko bisa
nggunakake basa kang trep lan slaras karo kang dikarepake.
Unggah-ungguh basa
ing jaman saiki bisa kapantha dadi papat, yaiku;
a.
Ngoko Lugu
Basa
iki tetembungane ngoko kabeh, tuladhane:
-
Jam sewelas mau Januwar wis madhang ana ing omah.
-
Jono mulih saka lungan
watara jam lima sore.
b.
Ngoko Alus
Basa
iki tetembungane ngoko kecampur krama inggil(merga sing diceritakake wong sing
luwih sepuh), tuladhane:
-
Jam sewelas mau Pak Sum wis dhahar ana ing daleme.
-
Bu Baidah kondur saka tindakan
watara jam lima sore.
c.
Krama Lugu
Basa
iki kabeh tetembungane krama, tuladhane:
-
Tabuh sewelas wau Januar sampun nedhi wonten ing griyanipun.
-
Jono wangsul saking kesahan
watawis tabuh gangsal sonten.
d.
Krama Alus
Basa
iki tetembungane krama kecampuran krama inggil, tuladhane:
-
Tabuh sewelas wau, Pak Sum sampun dhahar wonten ing dalemipun.
- Bu Baidah kondur saking tindakan watawis tabuh gangsal sonten.
Bebrayan
Ing Masarakat
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Musyawarah Lan
Gotong Royong
Tumrape
masyarakat Jawa tembung musyawarah lan gotong royong iku wis ana wiwit jaman
kuna. Nganti seprene isih ditindakake dening masyarakat kita. Gotong royong
tembunge liya yaiku gugur gunung, ana uga sing ngarani kerja bakti. Tegese nyambut
gawe bebarengan tanpa opah. Dene musyawarah tembunge liya yaiku rembugan utawa
pirembugan. Ing jaman saiki uga diarani diskusi. Sanajan jaman wis saya maju,
nanging musyawarah lan gotong royong isih ditindakake dening masyarakat kita.
Kang padha nindakake ora mung masyarakat padesan wae, nanging uga masyarakat
kutha. Pancen bener musyawarah lan gotong royong pinangka salah sawijining
tradisi leluhur ing sajroning urip bebrayan, perlu dilestarekake.
Jumbuh
karo kodrate ngaurip, uwong iku ora bisa urip dhewe. Tegese kabeh wong kang
urip ing alam donya iki mesthi mbutuhake bantuaning liyan. Kabeh wong mbutuhake
sesambungan karo wong liya. Semangat lan jiwa gotong royong uga musyawarah kudu
didarbeni dening kabeh wong. Mula semangat gotong royong lan musyawarah kudu
tuwuh saka atine dhewe-dhewe, kudu tuwuh saka prentule atine dhewe. Kanthi
mangkono kabeh bisa ditindakake kanthi lila legawa, tanpa ana rasa kepeksa
tanpa ana sing meksa. Gotong royong dianakake amrih pakaryan sing ditindakake
bisa dadi entheng, satemah asile bisa maremake. Sadurunge ditindakake gotong
royong bisane dianakake musyawarah utawa diskusi. Diskusi utawa musyawarah
dianakake supaya bisa nuwuhake kasil sing gumathok, trep lan disetujoni
dening kabeh warga masyarakat kanthi ancas amrih rancaging pakaryan utawa
kegiatan.
Unggah-ungguh
Wong Micara
Ana
tetembungan ajining diri saka lathi, tegese wong iku diajeni utawa orane gumantung
saka wicarane. Mula saka iku guneman karo wong liya iku ora mung waton guneman,
nanging ana unggah-ungguhe. Ana bab kang perlu digatekake nalikane micara yaiku
1. Guneme sing becik,aja guneman kang ora prayoga.
2. Guneman saperlune wae,ora perlu ngladrah lan
ngaya wara.
3. Aja nyela gunemane wong liya, entenana nganti
ukarane rampung.
4. Aja gampang nyacad lan maido marang panemune wong
liya.
5. Yen ana panemune wong lilya sing ora cocog karo
panemumu, kudu tetep digatekake lan diurmati.
6. Yen arep ngandharake panemu prayogane njaluk
ngapura luwih dhisik, upamane;
- "Nuwun sewu,
menawi pamanggih kula mekaten...
- "Nuwun sewu, yen panemuku mangkene
..."
Nelakake
Setuju/Ora setuju
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Milih Sekolahan
Kaya
padatan bubar dhahar bebarengan, kulawargane Pak Widaryanto banjur padha
ngumpul bebarengan ing pendhapa daleme. Pak Widaryanto kalebu pengusaha kang
sukses. Panjenengane kagungan putra loro. Putra sing mbarep aran Dewi Widaryanti,
mahasiswi ing salah sawijine perguruan tinggi kondhang ing kutha iki. Dene
putra sing ragil aran Indro Widaryanto, siswa kelas IX SMP Pak Widaryanto,
garwa lan purtane lagi rembugan muyeg. Sing dirembug ora ana liya bab sekolahe
putrane ya Indra Widaryanto.
Pak Widaryanto :
"Le, Indra,
saiki kowe rak wis kelas IX, sedhela maneh wis kudu golek sekolahan,
sinau sing sregep supaya bisa mlebu ing SMA favorit."
Bu Widaryanto :
"lya, le, mesthine kowe rak ya wis duwe pepenginan arep nerusake ana
ngendi?"
Indra Widaryanto : "Nggih,
Bu, kula nggih pun mikir-mikir kok."
Pak Widaryanto :Bagus,
yen kowe wis mikir-mikir anggonmu arep nerusake sekolah. Bapak kepengin lulus SMP kowe
banjur nerusake sekolah
ing SMA, supaya mengkone bisa kuliah ing ilmu bisnis saengga ing besuke bisa
nerusake bisnise bapak iki!"
Bu
Widaryanto :"lya le, minangka
anak lanang kowe kudu bisa nerusake bisnise bapakmu iki!"
Indra Widaryanto :
"Ngaten Bu, kula badhe nglajengaken dhateng SMA, nanging lulus SMA kula badhe
mlebet dhateng Akademi Angkatan Udara,
kula pengin dados tentara."
Pak Widaryanto :
"Ora le, kowe kudu nerusake bisnise Bapak hasile akeh, luwih akeh tinimbang gajine
PNS utawa tentara!"
Indra Widaryanto :
"Boten Pak, kula boten seneng bisnis kula pengin ngabdi dhateng negari, kula
pengin dados tentara."
Dewi Widaryanti :
"Leres aturipun Dik Indra
Pak. Wong Dik Indra
boten remen bisnis,
mangkih menawi dipun peksa asilipun rak malah boten sae. Dados Bapak kedah maringi
kebebasan dhateng Indra!"
Pak
Widaryanto : "Ora bisa, kabeh kudu manut
Bapak, Bapak iki kepala keluwarga!”
Bu Widaryanto :
"Sampun, sampun Pak, nyuwun pangapunten, sareh umiyin, ampun malah duka. Lan
kowe Indra,
isih akeh wektu kanggo nemtokake
pilihan. Sajrone telung taun ing SMA sesuk, rak isih bisa mikir-mikir
maneh arep kuliah ing ilmu bisnis kaya kersane Bapak, utawa mlebu ing Akademi
Angkatan Udara kaya
pepenginanmu. Sing penting, ayo, saiki sinau sing sregep supaya apa kang
dadi idham-idhamanmu bias kasembadan."
Nindakake Pacelathon
Gatekna wacan iki!
Kuwajiban
Kaya
padatan, esuk bubar sarapan kabeh sumadya arep nindakakae kewajibane dhewe-dhewe.
Ibu tindak sadeyan ana pasar, bapak tindak kantor dene putra-putrane budhal
sekolah. Bapak lan ibu nitih sepedha montor. Dene putra-putrane numpak sepedha.
Sawise nyuwun pangestu marang wong tuwane bocah-bocah mau padha budhal sekolah.
Hasan, Hasim lan Hasti bebarengan mlaku tumuju dalan gedhe saperlu nyegat bis.
Kepeneran tekan pinggir dalan banjur ana bis liwat. Bocah tetelune banjur munggah
bis. Ora suwe bocah telu mau numpak bis, dumadakan ana priyayi sepuh nyegat bis
iku. Hasti njawil kakangne, Hasim, kang lungguh ana pinggir karo kandha:
Hasti : "Mas,
kowe sing lungguh ana pinggir, ngadeka mas, ben dinggo lungguh simbahe!
Hasim : "Rasah, ora
perlu ngapa ndadak ngadeg barang. padha-padha mbayar kok!"
Hasim
tetep ora gelem ngadek, tetep lungguh njegegeg, karo mecucu sajak rada nesu, Hasan
sing lungguh ana sisih tengene melu ngomongi:
Hasan : "Dhik Hasim,
ngadeka mesakake simbahe kuwi lho."
Hasti :
"lya mas, awake dhewe kudu ngerti tata krama. Iki kalebu tata kramane wong
numpak kendharaan umum. Yen ana priyayi sepuh jumeneng, awake dhewe sing enom
kudu gelem ngadeg, mas.
Hasim :"Moh, mengko aku
ndhak kesel, wis mbayar isih kudu kesel kon ngadek."
Hasan :
"Ya wis, yen ora gelem ngadek, kene dhik Hasim geser nengen kene, aku tak
sing ngadek!" (Hasan banjur ngadek, lan matur marang priyayi sepuh iku
mau)
Hasan : "Nuwun sewu
mbah, mangga simbah katuran lenggah ngriki.
Piwulang budi pekerti:
1. Tansaha nindakake tata krama ing ngendi papan.
2. Numpak kendharaan umum iku ana tata kramane.
3.
Yen ana priyayi sepuh jumeneng, sing luwih enom prayogane gelem ngadek lan nyaosake
papan lungguhe.
Yen wis rampung anggonmu nyinau bahan ajar Wulangan 1 ing dhuwur, banjur garapen Penilaian Pengetahuan ing ngisor iki!
Tidak ada komentar: