Unggah-Ungguh Basa ( Materi & Latihan Soal Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 )

WULANGAN 1

UNGGAH-UNGGUH BASA

Unggah-ungguuh-Basa-Jawa-SMP-Kelas-8-Semester-1-Bahasa-Jawa
Unggah-Ungguh Basa Jawa

Unggah-ungguh basa digunakane pinangka rasa pakurmatan(ngajeni) marang wong liya. Mula unggah-ungguh basa ing Basa Jawa kudu nggatekake saora-orane rong(2) perangan; yaiku wong sing diajak omongan lan uwong sing diomongake(diceritakake). Unggah-ungguh Basa Jawa kaperang saka tataran kang paling cilik yaiku tataran tembung, nalika tetembungan mau ditata dadi sawijining ukara mula dadi unggah-ungguh tataran ukara. Babagan iki wigati(penting) disinau supaya bisa pener pangganggone.

1.      1.    Unggah-ungguh Basa Tataran Tembung

Kaya kang wis kaandharake ing dhuwur, menawa unggah-ungguh basa iku kawujud awit rasa pakurmatan, mula tetembungane uga duwe piguna kang siji lan liyane beda. Coba gatekna tuladha tetembungan ing ngisor iki!

Tembung Ngoko

Tembung Krama

Tembung Krama Inggil

Madhang

Nedhi

dhahar

Omong

matur

ngendika

Mlaku

Mlampah

tindak

Lanang

Jaler

Kakung

Wadon

Setri

putri

Omah

Griya

Dalem

Tuku

Tumbas

Mundhut

Lunga

Kesah

Tindak

Teka

Dugi

rawuh

Mulih

Wangsul

kondur

v  Tembung ngoko digunakake kanggo awake dhewe/sing luwih enom

v  Tembung krama digunakake kanggo awake dhewe/sing luwih enom nalika matur marang uwong sing luwih tuwa

v  Tembung krama inggil kanggo uwong sing luwih sepuh/diajeni.

Tuladhane; nalika basake awake dhewe mesthi nganggo nedhi, ora kena dhahar(merga kuwi kanggo uwong sing luwih sepuh). Suwalike, menawa ngramakake simbah iku mesthi kakung, mula ora ana simbah jaler.


2.      2.    Unggah-ungguh Basa Tataran Ukara

Sawise paham babagan tembung, tetembungan mau didhapuk dadi ukara mula kudu mangerteni cak-cakane. Unggah-ungguh tataran ukara kaperang dadi papat;

a.       Ngoko Lugu

Basa iki tetembungane ngoko kabeh, tuladhane:

-           Jam sewelas mau Januwar wis madhang ana ing omah.

-          Jono mulih saka lungan watara jam lima sore.

b.      Ngoko Alus

Basa iki tetembungane ngoko kecampur krama inggil(merga sing diceritakake wong sing luwih sepuh), tuladhane:

-          Jam sewelas mau Pak Sum wis dhahar ana ing daleme.

-          Bu Baidah kondur saka tindakan watara jam lima sore.

c.       Krama Lugu

Basa iki kabeh tetembungane krama, tuladhane:

-          Tabuh sewelas wau Januar sampun nedhi wonten ing griyanipun.

-          Jono wangsul saking kesahan watawis tabuh gangsal sonten.

d.      Krama Alus

Basa iki tetembungane krama kecampuran krama inggil, tuladhane:

-          Tabuh sewelas wau, Pak Sum sampun dhahar wonten ing dalemipun.

-          Bu Baidah kondur saking tindakan watawis tabuh gangsal sonten.

Panganggone Unggah-Ungguh

Sawise nyinau babagan tataran unggah-ungguh basa, sateruse banjur nggunakake ing kahanan padinan. Ing ngisor iki bakal diwenehi tuladha panganggo unggah-ungguh, ing antarane kanggo aweh pangalembana(memuji), nyuwun idi palilah, lan nyuwun pangapura.

1.      Unggah-ungguh kanggo aweh pangalembana

Pangalembana marang kanca, sedulur lan sapa wae mujudake srana kanggo aweh panjurung utawa panyengkuyung (motivasi, spirit) tumrap pawongan kasebut supaya tansaya mempeng anggone sinau, gladhen lan  kupiya apa wae kanggo nggayuh pepinginane. Sakliyane iku kanthi pangalembana awake dhewe bisa nuwuhake kawigaten marang wong liya.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Ana sangarepe kaca lemari, Ratri tansah umak-umik. Kadhang kala sirahe melu gela-gelo. Tangane loro melu obah. Kaya wong kang nuduhake. Bu Wasita pirsa polahe Ratri, mesem.

Bu Wasito    : "Ratri, taksawang kawit mau, kowe kok katon umak-umik ing kaca lemari, lagi ngapa? Kok ya nganggo mic barang."

Ratri        : "Bu, kula menika nembe latihan sesorah, awit minggu ngajeng ing sekolah dipunwontenaken lomba sesorah, lan kula kepengin sanged tumut lomba menika.”

Bu Wasita    : "Ratri, yen ibu priksani anggonmu sesorah iku mau wis apik, nanging prayogane anggonmu gladhen luwih mempeng.”

Ratri        : “Inggih, Bu nanging kula menika taksih radi kangelan anggenipun badhe milih tembung ingkang trep tur inggih leres, Bu."

Bu Wasita    : "Wis aja sumelang, bapakmu iku wiwit biyen tekan saiki isih pinter sesorah."

Ratri            : "Menawi mekaten, dhawah kaleresan Bu, Mangke kula badhe nyuwun dipun-gladhi kaliyan bapak."

 

Ukara kanggo aweh pangalembana umpamane:

·         Kowe pancen siswa kang sregep!

·     Panjenengan menika panci estu wasis babagan sesorah, saged ngandharaken kanthi cetha lan nengsemaken!

·          Sliramu pancen bocah utama!

Piwulang budi pekerti:

·         Yen kowe kepengin bisa kudu wani sinau lan latihan.

·       Ora kena umuk yen dialem dening wong liya malah kepara sregep anggone latihan.

·         Kudu ngajeni asiling karya wong liya.

·         Ora kena nyacad apa kang wis ditindakake wong liya.

2.      Unggah-ungguh kanggo nyuwun idi palilah

Nalika awake dhewe arep ninggalake omah, arep ngayahi samubarang apa wae utawa arep lelungan becike pamitan karo wong tuwa kalebu bapak utawa keluarga sing ana ngomah lan Ibu/ Bapak guru ing sekolah. Semono uga nalika lagi bebarengan karo kanca. Pamitan karo kanca bisa nganggo basa ngoko dene menawa pamitan karo wong tuwa kalebu bapak ibu guru prayoga migunakake basa kang trep, yaiku basa krama. Aja lali dibarengi nganggo tata krama, patrap/sikap sing bener.

Ukara kanggo idi palilah umpamane:

·         Pak, Bu kula menika kula badhe medal sekedhap.

·         Pak, Bu menawi kepareng kula badhe nyuwun idi dhateng koprasi, tumbas buku.

·          Kanca-kanca, ako njaluk pamit ora bisa melu rapat ya.

3.      Unggah-ungguh kanggo nyuwun pangapura

Nailika awake dhewe nindakake kaluputan marang sapa wae becik ngakoni kaluputan lan age-age njaluk pangapura. Ora nunggu yen riyaya. Ngakoni kaluputan iku kalebu tumindak kang utama lan sinatriya. Ukara kanggo njaluk pangapura, ing antarane;

·         Apuranen aku ya, Dhik!

·         Sing gedhe pangapuramu ya Mas!

·         Bu kula lepat, kula nyuwun pangapunten!

·         Ingkang ageng ing pangaksama menawi kathah lepat kula, Pak!

·        Nuwun sewu, saestu kula nyuwun agunging sih pangaksami, Ibu saha Bapak sedaya.

 

Tuladha ukara kanggo njaluk pangapura nalika halal bihalal/ ujung ing dina riyaya:

"Kepareng matur dhumateng bapak saha ibu sekaliyan, ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng Riyadi dhumateng panjenengan sekaliyan. Ingkang kaping kalih kula ngaturaken pangabekti kula dhumateng bapak saha ibu sekaliyan, Ingkang kaping tiga kula ngrumaosi bilih kathah patrap, solah bawa ingkang boten ngremenaken kepara damel boten rena penggalih bapak saha ibu, pramila wonten ing wekdal ingkang suci punika kula nyuwun lumunturing sih pangaksami saking bapak saha ibu sekaliyan. Ing saklajengipun keparenga kula nyuwun tambahing donga mugi-mugi saged kasembadan menapa ingkang dados gegayuhan kula. Cekap semanten atur kula sedaya klenta klentuning atur kula nyuwun pangapunten".


Yen wis rampung anggonmu nyinau wulangan 1 ing dhuwur, banjur garapen pitakonan ing ngisor iki!


Unggah-Ungguh Basa ( Materi & Latihan Soal Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 ) Unggah-Ungguh Basa ( Materi & Latihan Soal Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 ) Reviewed by Aziz on Juli 19, 2020 Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.